Saben tiyang mesthi nglampahi lelampahaning gesang lan ugi nandhang lelampahan-lelampahan ingkang minangka pangalaman lan piwulang kangge gesangipun. Pangalaman-pangalaman wau wonten ingkang dipun anggep boten sakeca lan wonten ingkang dipun anggep sakeca.
Pangalaman-pangalaman boten sakeca punika adhakanipun
wonten ing tiyang ingkang dipun raosaken langkung nandhes wonten ing manah
katimbang kaliyan pangalaman-pangalaman sakeca, jalaran pangalaman-pangalaman
sakeca punika kerep-kerepipun boten dipun etang lan boten dipun ajeni, malah dipun
anggep kados-kados boten wonten.
Malah adhakanipun tiyang punika anggenipun saged ngajeni
pangalaman-pangalaman sakeca, yen lelampahanipun sampun kalangkung. Upami
tiyang gadhah pangkat ingkang pantes, pamedal pantes lan panggesangan pantes,
mesthi kemawon raosipun sakeca. Nanging adhakanipun tiyang anggenipun saged
ngakeni lan ngajeni, yen pangkat lan panggesanganipun wau sakeca, yen pangkat
lan panggesangan wau sampun ical.
Awit saking punika mila lelampahan pait getir punika ageng
paedahipun kangge saged ngraosaken lan ngajeni lelampahan sakeca. Tujunipun
alam punika taksih gadhah sedhiyan pait getir kathah, kangge kita para
manungsa.
Mangka pait getir punika bebakal ingkang kenging kangge ngraosaken
lan ngajeni pangalaman sakeca, kabegjan. Dados tiyang punika boten saged
kekirangan bebakal kabegjan.
Saben tiyang mesthi ngalami lelampahan pait getir, lan pait
getir wau saged ugi saking lebet utawi saking njawi. Pait getir saking lebet
punika wohing tindakipun piyambak. Dados tiyang punika wiwit lare dumugi sepuh
tansah nandhang raos pait getir.
Conto pangalaman pait getir kangge lare:
- Tiyang sepuhipun pejah, ingkang murugaken lare punika dados lola.
- Tiyang sepuhipun pegatan, ingkang murugaken lare wau kekirangan anggenipun nampi katresnan.
- Tiyang sepuhipun sakit engetan ingkang murugaken lare wau mandhap drajatipun.
- Dipun kuwalonaken, ingkang murugaken lare wau asring memengsahan kaliyan tiyang sepuhipun kuwalon.
- Sadherekipun pejah, ingkang murugaken lare wau kecalan kanca ingkang ngraosaken lan ingkang dipun raosaken beja cilakanipun.
- Cacad raga, manah lan pikiran, ingkang murugaken mandhap pangajinipun wonten ing masarakat.
Conto pangalaman pait getir kangge tiyang nem:
- Dipun tampik dening ingkang dipun kedani.
- Tiyang nem gadhah bojo tiyang sepuh.
- Jejodhoan boten timbang.
- Kepejahan bojonipun.
- Pegatan kaliyan bojonipun.
- Jodhon boten gadhah anak.
- Bebojoan boten jujur (sedheng dhemenan).
- Dados joko lan prawan kasep.
- Kapejahan anakipun.
- Anakipun cacad lan sapanunggilanipun.
Conto pangalaman pait getir kangge tiyang sepuh:
- Anakipun pegatan kaliyan bojonipun.
- Anakipun prawan meteng.
- Anakipun pejah.
- Putunipun lola.
- Anakipun dados ama masarakat.
- Dados mlarat.
- Kecalan drajatipun.
- Kecalan panguwasanipun lan sapanunggilanipun.
Pangalaman pait getir punika ingkang dados cobaning gesang.
Yen tiyang punika kuwawi nandhang cobaning gesang wau kalayan sabar, tegesipun
kuwawi boten tumindak punapa-punapa ingkang ngrisak masarakat, tiyang wau,
lulus anggenipun nampi cobaning gesang, lan awit saking punika tiyang wau tampi
piageming gesang. Mila piageming gesang punika raosipun tatag.
Piageming gesang punika ingkang dados sanguning gesang.
Jalaran pangalaman pait getir, ingkang dipun tampi kalayan sabar, nukulaken
raos, ingkang saged ngajeni kabegjan. Mila raos wau murugaken dhateng tiyang
gampil rumaos begja wonten ing kawontenan biasa, inggih punika marem dhateng
gesangipun.
Upami satunggaling prawan, ingkang bapakipun kerep santun
bojo. Mesthi kemawon si prawan wau nandhang kasusahaning gesang ageng-agengan
saking tindakipun bapakipun. Nanging yen kasusahaning gesang wau dipun tampi
kalayan sabar, lan boten nindakaken ingkang asor-asor ingkang ngrisak
kahormatanipun, lajeng si prawan wau angsal piageming gesang, ingkang
salajengipun dados sanguning gesang.
Yen kawontenanipun si prawan wau ebah sakedik kemawon dados
langkung sae, mesthi kemawon si prawan wau rumaos begja sanget. Upami si prawan
wau laki-rabi angsal jaka ingkang timbang, mesthi kemawon tiyang estri wau
kraos marem, lan rumaos begja wonten nggen laki-rabinipun. Sayektosipun
begjanipun wau boten jalaran saking laki-rabinipun, nanging jalaran saking
santun kawontenan ingkang langkung sae, inggih punika pisah kaliyan tiyang
sepuhipun ingkang kerep santun bojo wau.
Kosok wangsulipun, yen si prawan wau boten tahan nandhang
kasusahaning gesangipun, lajeng dados semplah. Raos semplah wau raos risakipun
tujuaning gesang, inggih raos semplah punika ingkang ngrisak kasusilan. Inggih
raos semplah punika ingkang murugaken, tiyang estri sade kahormataning batin.
Pangalaman pait getir punika mesthi ndhatengi wonten ing
saben tiyang. Jalaran, yen boten dhateng saking ing njawi, pait getir wau
inggih dipun dhatengaken saking ing nglebet, inggih punika saking awakipun
piyambak.
Tegesipun, yen pait getir punika boten dhateng saking njawi, tiyang
lajeng nindakaken punapa-punapa ingkang wohipun dados nandhang pait getir.
Dados penandhang pait getir saking lebet wau kenging dipun wastani wohing
pandamelanipun piyambak.
Jalaran tiyang ingkang kakirangan pengalaman pait getir
boten saged ngajeni kawontenan kabegjanipun piyambak, lan boten marem dhateng
kabegjanipun piyambak. Mesthi kemawon raos boten marem wau murugaken dhateng
tiyang lajeng tumindak punapa-punapa ingkang nabrak raosipun tiyang sanes,
jalaran raos boten marem dhateng ing gesangipun punika ngrisakaken manah,
saengga tiyang boten saged ngraosaken raos pait getiripun tiyang sanes. Yan
kerisakaning manah wau boten tumunten dipun jampeni, temtu karisakan wau dados
saya sanget, ingkang wohipun dados penyakit wuta manah.
Mangka manah punika satunggaling raos ingkang kangge
ngraosaken raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes, kados dene mripat
satunggaling pirantos ingkang kangge ningali warna. Awit saking punika mila
penyakit wuta manah murugaken dhateng tiyang lajeng nindakaken punapa-punapa
ingkang nabrak raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes, kados dene tiyang
wuta mripat nabrak tembok. Mila penyakit wuta manah punika sumbering tindak
awon.
Upami mandung. Tindak mandung punika nabrak raosipun
piyambak lan raosipun tiyang sanes.
Mandung punika raosipun boten sakeca, lan ingkang dipun
pandungi punika raosipun ugi boten sakeca. Dados kalih-kalihipun raosipun boten
sakeca sadaya.
Yen tiyang punika saged ngraosaken raos boten sakeca wonten
nggen mandung, mesthi lelampahan mandung boten saged kelampahan. Jalaran tiyang
rak boten saged nglampahi lelampahan boten sakeca ingkang piyambakipun piyambak
ngraosaken, sami kemawon kados dene tiyang boten saged nabrak tembok ingkang
dipun tingali. Inggih punika sebabipun tiyang wuta manah nabrak raos lan wuta
mripat nabrak tembok. Dados manah punika satunggaling pirantos ingkang
ageng_paedahipun kados dene mripat.
Dados wonten ing manungsa punika wonten raos warni kalih,
inggih punika raos ingkang ngraosaken lan raos ingkang dipun raosaken. Yen
manah punika risak, mangka raos ingkang ngraosaken punika wonten ing tiyang
thukulipun boten saged subur. Yen ngengeti sanget pentinging suburipun raos
ingkang ngraosaken ingkang migunakaken manah kangge pirantos, mangka perlu
sanget manah punika dipun upakara ingkang sae-sae, kados dene mripat ugi perlu
dipun upakara ingkang sae-sae.
Mripat punika peranganing raga. Awit saking punika mila
pangupakaranipun miturut kawruh raga. Prakawis punika boten badhe dipun
terangaken wonten ing ngriki.
Nanging manah punika peranganing jiwa. Awit saking punika
mila pangupakaranipun miturut kawruh jiwa. Dados pangupakaraning manah punika
nliti sebab lan kadadosaning raos-raosipun piyambak (mawas dhiri) lan tiyang
sanes.
Kadadosan-kadadosaning raos-raos punika, miturut aturan
alam, kados dene kadadosan-kadadosaning barang-barang dumadi ugi miturut aturan
alam. Yen tiyang boten mangertos dhateng aturan alam wau, tiyang lajeng gampil
nabrak aturan alam punika sanajan boten njarag. Wohing penabrak wau inggih
punika penandhang pait getir.
Upami tiyang jaler nandhang kasusahan saking karewelanipun
bojonipun ingkang rambah-rambah. Yen sebabing karewelan wau boten saged
pinanggih wonten ing njawi, kedah dipun padosi wonten ing lebet, inggih punika
wonten ing raosipun piyambak. Mangka penandhang karewelan saking ing njawi
punika kerep-kerepipun jalaran saking rewelipun piyambak.
Upami pinanggih, yen ingkang jaler punika langkung sepuh
sanget katimbang kaliyan ingkang estri, lajeng pinanggih, yen karewelan wau
wonten ing awakipun piyambak. Tiyang sepuh, ingkang boten purun gadhah bojo
sami tiyang sepuh, nanging njiat tiyang nem supados dados bojonipun sanajan
sarana pangapus krama warni-warni (sarana semat, drajat lan kramat) punika raos
rewel ingkang wonten ing awakipun piyambak. Dados karewelan pun ingkang estri
punika, minangka piwalesipun dhateng karewelanipun ingkang jaler, sanajan si
estri wau boten rumaos, jalaran boten marem wonten nggen laki-rabinipun.
Dados tiyang jaler wau nabrak raosipun bojonipun, ingkang
dipun wales ngangge karewelan. Malah-malah tiyang jaler wau ngrisak
gegayuhaning gesangipun bojonipun wonten nggen laki-rabi. Awit saking punika,
boten langka, yen karewelan wau tetep salebeting gesangipun.
Dados yen saged ngraosaken raosipun piyambak lan raosing
sanes, tiyang punika boten saged tumindak punapa-punapa ingkang nabrak raosing
sanes. Mangka saben-saben panabrak mesthi dipun wales ngangge panabrak ugi.
Mila panabrak punika wohipun mesthi dados tabrak-tinabrak.
Dados ing donya punika wonten tiyang warni kalih, inggih
punika kapisan tiyang ingkang kakirangan pangalaman pait getir lan kaping kalih
tiyang ingkang cekap pangalaman pait getir. Pangalaman warni kalih punika wau
saged dados piageming gesang ingkang salajeningipun dados sanguning gesang, yen
dipun olah ngangge bumbu-bumbu ingkang cekap. Dene pangolahipun kados ing
ngandhap punika.
Tiyang ingkang Kakirangan Pait Getir
Lare ingkang kakirangan pangalaman pait getir, punika
jalaran dipun ugung dening tiyang sepuhipun, inggih punika panedhanipun tansah
dipun turuti. Awit saking pangugung wau, lare lajeng boten saged mangertos,
punapa ingkang kedah dipun tindakaken lan punapa ingkang kedah boten dipun
tindakaken.
Dados lare wau kecalan pandoming tindak. Jalaran kecalan pandom wau
Tare lajeng boten saged mrentah awakipun piyambak, utawi boten saged
ngendhaleni awakipun piyambak. Inggih punika rewel.
Jalaran boten saged ngendhaleni awakipun piyambak, lare
wau, yen gadhah karep punapa-punapa lajeng mbergundung. Jalaran mbergundung
lare wau lajeng nindakaken punapa-punapa ingkang samesthinipun kedah boten
dipun tindakaken. Tiyang sepuhipun mesthi ngalang-alangi tindak wau sarana
kakerasan, inggih punika sarana slenthik, gebug lan sapanunggilanipun.
Inggih punika wiwitaning, pangalaman pait getir ingkang
tinampi ingkang saking ing nglebet. Tindak kakerasan saking tiyang sepuhipun
wau boten maremaken si lare, nanging malah nukulaken raos ngingkit-ingkit. Raos
ngingkit-ingkit wau wohipun murugaken lare wau wasis ngapusi tiyang sepuhipun
piyambak.
Yen pangalaman pait getir wonten ing lelawanan kaliyan
brayat punika boten dados piwulang mesthi kemawon lelawanan boten sakeca wau
nular dhateng tangga-tangganipun. Jalaran mbergundung lare wau mesthi nabrak
raosing tangga-tangganipun. Mesthi kemawon tangga ingkang katabrak wau lajeng
gentos nabrak, ingkang salajengipun lajeng dados tabrak-tinabrak. Wohipun,
lajeng thukul raos memengsahan antawisipun lare wau kaliyan tangga-tangganipun.
Inggih punika wiwit pangalaman pait getir ingkang saking ing
lebet wonten nggen lelawanan kaliyan tangga-tangganipun, ingkang salajengipun
nular dhateng masarakat. Yen pangalamann pait getir wau meksa boten dados
piwulang, jalaran. boten saged ngendhaleni awakipun piyambak, kamajenganipun
lare wau lajeng dados tiyang awon antawis wanci jaka utawi prawan, ingkang
salajengipun meksa dhateng polisi, ingkang makili masarakat, tumindak
punapa-punapa. Wohipun, lare wau mandhap drajatipun.
Inggih punika pangalaman pait getir ingkang saking ing
nglebet, ingkang saking pokalipun piyambak. Yen pangalaman pait getir ingkang
wujud tindaking polisi wau wonten ing lare meksa boten dados piwulang, mesthi
kemawon wakil masarakat lajeng tumindak nyingkiraken lare wau saking masarakat
supados boten ngresahi masarakat. Wohipun, drajatipun lare wau tambah mandhap
malih.
Upami satunggaling jaka dipun tampik satunggaling prawan
tilas tunanganipun. Panandhang kados makaten punika wohing pandamelipun
piyambak. Jalaran boten saged ngraosaken raos, mila si jaka wau boten
mangertos, yen drajatipun sampun mandhap. Mila si jaka wau lajeng nandhang pait
getir saking panampik.
Yen pangalaman pait getir wau kalajeng boten dados
piwulang, lajeng mahanani risaking manahipun, ingkang nukulaken penyakit wuta
manah. Mangka penyakit wuta manah punika mahanani tindak ingkang ngrugekaken
masarakat. Awit saking punika mesthi kemawon ukuman saking masarakat ingkang
satimbang lajeng ndhatengi.
Yen pangalaman-pangalamaning tiyang, ingkang kakirangan
pait getir, punika dipun olah ngangge bumbu-bumbu ingkang jitu, lajeng
pangalaman-pangalaman wau dados piageming gesang, ingkang salajengipun dados
sanguning gesang. Wondene bumbu-bumbunipun inggih punika raos sami.
Raos sami
ing ngriki tegesipun rumaos, yen saben tiyang punika sami saged tampi kacilakan
wonten nggen lelampahaning gesang, upami kepejahan kulawarga lan
sapanunggilanipun. Yen raos kados makaten wau nandhes wonten ing manah, lajeng
nukulaken raos, yen gesang punika boten aman wonten ing nggen kabegjanipun,
sanajan kabegjan wau pinuju tumpuk-tumpuk.
Raos boten aman punika bibiting raos luhur raos mulya, raos
begja, ingkang boten saged dipun reridhu dening punapa kemawon. Awit saking
punika mila raos boten aman wau perlu dipun upakara ingkang sae-sae, supados
subur. Dene cara pangupakaranipun kados ing ngandhap punika.
Yen sumerep utawi mireng, yen sakiwa tengenipun wonten
lelampahan kasusahan lajeng raos kasusahan wau dipun raosaken ingkang nandhes,
saengga kados-kados awakipun piyambak ingkang nandhang kasusahan. Yen latihan
jiwa ingkang kados makaten punika dipun tindakaken samesthinipun, mesthi
nukulaken raos dhame kaliyan sadaya tiyang, jalaran mangertos, yen gesang
punika boten aman lan nandhang kasusahan, sanajan kawontenanipun kados punapa
kemawon. Inggih raos dhame kados makaten punika raos katentremaning gesang,
ingkang dados piageming gesang, ingkang salajengipun dados sanguning gesang.
Tiyang ingkang Sugih Pangalaman Pait Getir
Lare punika saged ugi sampun nandhang pangalaman pait
getir, kadosta lola, cacat lan sapanunggilanipun. Yen boten dipun tampi kalayan
sabar pangalaman pait getir wau boten dados piwulang lan malah nukulaken raos
muring dhateng lelampahanipun. Malah-malah raos muring wau dados dhadhasaring
raos gesangipun.
Dhedhasar raos muring wau netepaken sikepipun dhateng
tiyang sanes, inggih punika tiyang sanes dipun wajibaken mbantu lan mitulungi
dhateng piyambakipun. Yen tampi pitulungan saking tiyang sanes, lare wau boten
rumaos nrimah sakedhik-sakedhika, jalaran gadhah panganggep, yen tiyang sanes
wau gadhah kuwajiban nulungi dhateng piyambakipun. Malah-malah lare wau gadhah
pamanggih, yen piyambakipun punika mitulungi dhateng tiyang sanes anggenipun
suka kalonggaran supados saged nindakaken kautaman.
Dados tiyang sanes dipun kedahaken nrimah dhateng
piyambakipun. Inggih punika raos penjahat ingkang jahat sanget, ingkang
ngingar-nginger aturan kautamaan. Raos kados makaten punika penyakit wuta
manah.
Kosok wangsulipun, yen pangalaman pait getir wau dipun
tampi kalayan sabar, tegesipun boten nindakaken ingkang asor-asor, mesthi lajeng
thukul raos ingkang kosok wangsulipun muring. Yen tampi pitulungan saking
tiyang sanes, lare wau rumaos nrimah sanget, lan kraos trenyuh dhateng raos
welas asihipun tiyang sanes wau. Raos trenyuh wau raos piwales dhateng raos
welas asih ingkang saking tiyang sanes wau.
Yen raos trenyuh wau kerep kedadosan, lajeng dados
dhedhasaring raos gesangipun. Dhedhasar raos trenyuh wau ingkang nukulaken raos
welas asih wonten ing tiyang sanes. Wekasanipun lare wau gadhah kalakuan andhap
asor lan nyenengaken tiyang sanes.
Kalakuan wau nukulaken lelawanan sakeca kaliyan
tangga-tangganipun. Lelawanan sakeca wau wonten ing manahipun si lare nukulaken
raos kepencut supados tumunten saged nyekapi kabutuhanipun piyambak lan luar
saking pitulunganing tiyang sanes. Inggih raos kapencut wau ingkang dados
piageming gesang kangge lare, ingkang salajengipun dados sanguning gesang,
ingkang cekap kangge dados jaka lan prawan ingkang maedahi dhateng masarakat.
Jaka lan prawan ingkang gadhah piageming gesang ingkang
cekap wau nyenengakan dhateng tiyang sepuh-sepuh tangga-tangganipun, ingkang
salajengipun kepengin mendhet mantu. Mangka panedhanipun tiyang sepuh-sepuh
wau, temtu dipun tampi kalayan seneng. Inggih punika ingkang nggampilaken
angsalipun jodho.
Brayat enggal, ingkang sesarengan gadhah piagemening
gesang, kathah-kathahipun lajeng dados mulya kawontenanipun. Kamulyan wau
asring murugaken mendem lan nutupi piageming gesang ingkang kasimpen wonten ing
masahipun kala dados lare. Dados endem wau ngrisakaken paedahipun piageming
gesang.
Wonten salebeting kawontenan mendem brayat enggal wau
gantos ukuran
kabegjan. Sakawit ukuraning kabegjan wau kawontenan cilaka kala
taksih lare lan samangke kamulyaning tangga-tangganipun ingkang nglangkungi.
Inggih punika sababipun tiyang wau ndhatengaken pait getir saking ing lebet.
Endem wau nukulaken raos beda. Tegesipun, tiyang punika
gadhah pamanggih, yen piyambakipun beda kaliyan tiyang sanes. Awit saking
punika mila beda begja cilakanipun kaliyan tiyang sanes.
Pokoking raos beda punika rumaos, yen awakipun piyambak
punika langkung tinimbang kaliyan tiyang sanes. Raos beda wau asring kababar
dados rumaos beda wonten nggen kaprigelanipun, wonten nggen kawaskithanipun,
wonten nggen kawruhipun, utawi wonten nggen asal mulanipun jiwanipun lan sapanunggilanipun.
Pokok kelairaning raos beda wonten nggen brayat enggal wau rumaos, yen awakipun
piyambak punika boten saged angsal lelampahan pait getir. Raos kados makaten
punika ingkang murugaken ndhatengaken lelampahan pait getir ingkang saking ing
nglebet. Kathah tiyang nem lan sepuh ingkang cekap pangalamanipun pait getir.
Lan kathah ing antawisipun tiyang-tiyang wau ingkang boten kuwawi nandhang pait
getir. Inggih punika ingkang murugaken semplah wonten nggen tujuaning gesang.
Dados raos semplah punika ngrisak tujuaning gesang. Yen
tujuaning gesang punika risak, tiyang gesang lajeng tanpa tujuan. Yen tanpa
tujuan gesang, tiyang lajeng dados dolananing alun raos ingkang asor-asor.
Mangka tujuaning gesang punika nuntun tiyang dhateng tindak
ingkang luhur lan cetha. Dados yen tujuaning gesang punika risak, tiyang punika
lajeng dados kados kuda dipun tumpaki nanging tanpa kendhali. Inggih punika
ingkang nyemplungaken tiyang dhateng jurang kanisthaning gesang.
Kosok wangsulipun, yen tahan nandhang pengalaman pait
getir, tiyang lajeng kabikak mripating manahipun, engga saged ngraosaken
raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes. Inggih punika ingkang murugaken
tiyang lajeng saged nliti lan nyinau raos. Inggih punika ingkang nukulaken
kawruh raos.
Yen nyinau raos, tiyang punika sakawit asring kaget lan
gumun, jebul lampahing raos-raos punika miturut aturan alam kados dene
barang-barang ingkang kasatmata, ingkang kecepeng dening pancadriya. Mangka
aturan alam punika dipun sebut kawruh. Dados aturan alam wonten nggen raos
punika dipun sebut kawruh raos.
Supados dados piageming gesang pangalaman pait getir punika
perlu dipnn upakara ingkang sae-sae. Jalaran yen tanpa pangupakara, pangalaman
punika boten saged dados piwulang. Dene cara pangupakaranipun kados ing ngandhap
punika.
Upami pangalaman kapejahan anak, saya anak ingkang sampun
diwasa utawi sampun laki-rabi. Raos pait getir wau perlu dipun raosaken lan
dipun tliti salebet-lebetipun. Dene ingkang ngalang-alangi panliti wau raos
ajrih lan boten tahan ngraosaken raos pait getir wau. Raos ajrih wau ingkang
nukulaken raos pados slamuran. Yen raos pados slamuran wau kiyat lan lajeng
kuwasa, raos pait getir wau lajeng kasilep lan katutup wonten ing manah, lan
panliti kawruh raos wau boten saged dipun tindakaken.
Kosok wangsulipun, yen wani nglajengaken panliti wau lajeng
raos pait getir punika dados kiyat wonten ing manah. Kiyating raos pait getir
wau murugaken suremipun raos pambegan, ingkang asalipun saking raos beda. Saya
kiyat raos pait getir, saya surem raos pambegan, saengga kasilep lan katutup
wonten ing manah.
Dados raos pait getir punika sajatinipun namung ngantem
raos pambegan, nanging boten ngantem sajatining manungsa. Malah-malah raos
pambegan punika reridhuning gesang ingkang kedah dipun brantas. Yen raos pambegan
punika kasilep, lajeng kabuka mripating manahipun sajatining manungsa, lan
lajeng sumerep yen sadaya tiyang gesang punika sami anggenipun nandhang pait
getir. Dados gesang punika nandhang pait getir.
Inggih punika paedahipun pengalaman pait getir. Awit saking
punika mila pangalaman pait getir wau perlu dipun upakara ingkang sae-sae,
supados boten kesupen. Pangupakara pangalaman pait getir wau asring kababar
dados wilujengan ngengeti arwahipun kulawarga ingkang sampun tilar donya,
kadadosan saben taun utawi saben salapan dinten sapisan.
Yen raos pangalaman pait getir wonten ing manah punika
kiyat, nukulaken raos wicaksana. Raos wicaksana punika saged mawas dhateng
tiyang sanes ngantos dumugi panandhaning gesangipun. Lan lajeng mangertos, yen
tiyang sanes punika kanca tunggil sapanandhanging gesang.
Mangka saben tiyang sami anggadhahi panandhanging gesang.
Dados saben tiyang punika kanca tunggil sapanandhanging gesang. Dados wicaksana
punika dede anggenipun pinter nyingkiri panandhang pait getir, nanging tahan,
nandhang.
Wohipun lajeng kraos dhame kaliyan sasamining gesang.
Sarana raos dhame ingkang lempar wau, tiyang lajeng saged berjuang kangge
bangsanipun lan jinisipun, ingkang boten keganggu saking ing nglebet, saking
ing raosipun piyambak. Wekasanipun kita matur nuwun dhateng Alam Agung ingkang
sampun maringi pait getir dhateng kita jinis manungsa.
0 komentar:
Posting Komentar